Forum Wong Pekalongan - Batang
Mas lan Mbak..., Ben Nyaman Browsing ten mriki "Login" dulu ya ( yang udah Jadi member ) atau Kalau belum Monggo Klik "Register"
Matur Nuwun... Smile

User Yang Baru Mendaftar adalah : eko0018, yapp.yaph dan Azifa Lila

Join the forum, it's quick and easy

Forum Wong Pekalongan - Batang
Mas lan Mbak..., Ben Nyaman Browsing ten mriki "Login" dulu ya ( yang udah Jadi member ) atau Kalau belum Monggo Klik "Register"
Matur Nuwun... Smile

User Yang Baru Mendaftar adalah : eko0018, yapp.yaph dan Azifa Lila
Forum Wong Pekalongan - Batang
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.

Den Ayu Lanjar saka nGebom Pekalongan

Go down

Den Ayu Lanjar saka nGebom Pekalongan  Empty Den Ayu Lanjar saka nGebom Pekalongan

Post by Mas Hendro Tue Feb 14, 2012 1:03 pm

Den Ayu Lanjar saka nGebom Pekalongan


Iki crita klasik nDhisik kanggone wong Peklongan . Wong Pekalongan asli mesti ngerti utawa tau krungu sesebutan " Den Ayu Lanjar " , wewengkon sekitar mBatang , utawa Wiradesa Tegal Cirebon raket karo sesebutan Dewi Lanjar. Kang duwe panggunan ana nGeBom Pekalongan , cikal bakale jumemeng ana Slamaran saiki.Kena den arani menawa kuwi mung crita samubarang nanging dipercaya wong Pekalongan. Nanging malah dadi me-legenda lan dadi crita tutur tinular. Aja dipikir kenceng mengko malah mumet nanging supaya dadi kawruh kanggone wong Pekalongan lan bisa dadi crita marang anak lan putu . Iki wae crita saka mBahku ndisik critane mengkene .....

ing sawijining papan , ana sawijining putri kang ayu banget rupane. Tekan saiki uga isih dadi bahan omongan ing masyarakat, utamane ing nGebom Pekalongan umume ing Pantai Pantura . Putri aran Dewi Rara Kuning, nanging ora ana sing ngerti kanthi cetha dheweke iku manggon neng endi.bisa jadi saka wewengkon sekitar Jogjakarta ... anggepen wae mengkono...
Ing dalem nglakoni uripe Dewi Rara Kuning ngalami kasangsaran kang banget. Sebab ing umur kang isih enom banget dheweke wis dadi randha , Naahh ini .. stand kulo kudanan niki ...
Garwane seda sawise telung dina kaliwatan dheweke lan garwane dadi penganten. Mula, awite sasedane garwane Dewi Rara Kuning luwih dikenal kanthi jeneng Den Ayu Lanjar ( wong pekalongan luwih seneng nyebut Den Ayu , uga Den nGanten ) Padatan umum kasebut Dewi Lanjar .
Lanjar iku tegese sesebutan kanggo wong wadon kang pegatan karo bojone nalika isih enom lan durung duwe anak. Akeh sing duwe kersa nanging ora digalbo .Yoo ethok-e mono ngilo karo kadadeyan-e Angelina Sondakh karo Ajie Mas Said .. Angie kelingan terus Mas Adjie ... emoh duwe garwo meneh ... jarene sih ...
Awite ditinggal garwane, d.a ( Den Ayu ) Lanjar uripe sengsara banget lan mung mikirake garwane wae. Kaya ngono iku lumaku rada suwe. Nanging, saya suwe d.a. Lanjar uga mikir yen dheweke dijarake kaya ngono iku terus, pungkasane bakale elek. Mula saka iku, dheweke mutusake ora golek garwo meneh nanging lunga ninggalake desane.
Barang wis sawetara dina, d.a. Lanjar tekan ing sawijining kali, aran kali Opak ( Wewengkon praja Mataram ) . Ing papan iki dheweke ketemu kaliyan Sinuwun saking Mataram Panembahan Senopati lan Maha Patih Singaranu kang lagi tapa ngapung ing dhuwur banyu ing kali mau. Dewi banjur cerita kadadeyan apa wae kang wis ngenani tumrap dheweke, dheweke uga matur yen dheweke ora bakal krama maneh. Krungu critane mengkono , Sang Panembahan Senopati lan Maha Patih Singaranu ngrasa melas .. lan trenyuh ing ati . Banjur d.a. Lanjar diwejang supaya dheweke tapa ing Segara Kidul sarta nemoni Ratu Kidul. Sawise iku Panembahan Senopati lan Maha Patihe nerusake pertapan nyusuri Kali Opak.
Satekane d.a. Lanjar ing Segara Kidul, Dewi nggolek panggonan kang apik kanggo topo. Merga telatene lan kemantepan atine karo wejangane Raja Mataram mau, pungkasane Dewi bisa moksa (ilang) Bhlassss!!! lan bisa sowan marang Ratu Kidul. Dheweke nyuwun supaya bisa dadi abdine Ratu Kidul. Ratu Kidul uga ora kabotan, Dewi ditampa dadi abdine.

Beda wektu lan kahanane , saiki Sri Sultan Agung Hanyakrakusuma sing lenggah dhampar kencana ...Kraton nGayogyakarta Hadinigrat .. terkenal lan disegani Walanda/Belanda , malah ngjak mungsuhan.
Ing sawijining dina, d.a. Lanjar bebarengan karo para andap lan tamtama Ratu kidul kang awujud "wong alus " bahasa Pekalongane Jim / jin diutus kanggo ngreridu lan nyegah Raden Bahurekso sing lagi mbabad alas Gambiran ana wewengkon segara sisih Lor ... .
Nanging merga sektine Raden Bahureksa, kabeh panggodane Den Ayu Lanjar lan jin-jin bisa dikalahake. Kanthi nangkis panggodane d.a Lanjar lan jin-jin nganggo kasektiane. Malahan, Dewi lan jin-jin bisa tunduk klawan Raden Bahurekso. Raden Bahurekso entuk kasakten kaya ngono iku saka tapa Kalong. Dheweke asring nglakoni semedhi . Semedhi kang beda karo semedhi-semedhi liyane, semedhi iku karo masyarakat ing kono kasebut “tapa Kalong” , utawa tapa kaya kalong kanthi gumantung ing wit Gambir kanthi sikil ing dhuwur. Alas kang kulinane dadi papan Raden Bahureksa nglakoni semedhhi iku aran alas Gambir , wit Gambir-e akeh dadi kasebut Gambiran.Saiki angger wong asli Pekalongan mangerteni jeneng kuwi dadi "Gambaran".Coba ngenyang-o becak :" Pak tulung kulo diterke ten Gambaran !" . Bakal di terke ancer2--e jembatan Anim/ kantor PLN ... Alas Gambiran pancene tlatahe terus mengalor tekan slamaran.
Anane Tapa Kalong--e Bahurekso mau , mbesuk bakal mula dadine istilah Pekalongan . Saiki dadi Kutha gedhe Pekalongan .
Dadi jaman biyen kuwi alas gambiran , saka jembatan Anim terus mengalor tekan segara . wewengkon kono mau dijenengi Panjitan , yen saiki dadi jeneng Panjang .. saiki ana Panjang wetan lan Kulon . jaman ndisik jenenge Panjitan.
Amarga d.a. Lanjar ora kasil anggone ngayahi tugase, mula dheweke mutusake ora bakal bali maneh ing Segara Kidul. Dheweke njaluk marang Raden Bahurekso supaya bisa manggon ing Pekalongan wae. Marang Raden Bahureksa kaolehake, dene marang Ratu Kidul uga ngolehake. d.a.Lanjar sidane manggon ing Segara Lor Jawa Tengah.
Ketemune d.a. Lanjar lan Raden Bahurekso, kasunyatane nuwuhake rasa tresna saka d.a. Lanjar lan Raden Bahurekso. Jenenge Yu Sronto karo Mas nGatno ... yoo annjut .. ra ....
Raden Bahurekso mono sakjane putrane Kyai Cempaluk saka Kesesi .saiki ana wilayah Comal mengidul kira2 6 Km . Kyai iki tumeko saka Gujarat jenenge asli Sempalo , ketemu karo pawongan uga Ulama islam saka ex. Pajajaran kang Jeneng Kosasih .. pada2 dakwah ana kono banjur panggonan kono dijenengi Kesesi ( Wong comal angger nyebut Kosasih angel olehe pangucap , mula dadi Kesesi .. saiki dadi kecamatan Kabupaten Pekalongan penghasil terkenal Apem , kuwi panganan kuliner tinggalane Kyai Cempaluk , uga Klepon , Gemblong cethot , lan Dhawet ) .Mula panganan klepon lan gemblong , saka Kesesi paling mak nyus ...uenak..

Beda karo pawongan saka negara Cina kang dadi poros dagange karo Sri Sultan Agung ..ing Mataram , merga senenge Sri Sultan dewekne didadekake Bupati neng Pekalongan .. merga Pekalongan kalebu wewengkon Mataram ada ing abad 16.
Jenenge pawongan mau Tan Kwi Can, juragan saka Kaulon,( Kwoo lon ) Cina daratan lagi sowan Sultan Agung kanggo njaluk idin kanggo dodolan ing tlatah Jawa. Sultan Agung aweh idin, nanging kanthi syarat bisa nggolek lan ngajak bali Raden Bahurekso supaya gelem dadi prajurit Maratam maneh .Bahurekso critane kang dadi Panglima Tamtama ( Panglima ) Perang tertinggi Mataram sawektu Mataram menyerbu Batavia ke-2 , kasebab supply makanan-e diputus Walanda/Belanda kalah banjur bali lan cumondok ana alas gambiran , merga isin bali menyang kesesi lan wedi karo Pak Kyai mula tapa brata kaya kang kacarito mau.Tapa Kalong ana alas Gambir , pesisir lor kang sepi.
Tan Kwi Can, pungkasane bisa ketemu Raden Bahurekso lan aweh kabar yen Sultan Agung sabda supaya dheweke bali Menyang Mataram. Amarga pambujuke ora kasil, Raden Bhurekso lan Tan Kwi Can tandhing siji lawan siji. Merga kasaktene Bahurekso lan Tan Kwi Can iku padha, ing tandhinge iku ora ana kang menang lan ora ana kang kalah.Kira2 yen dibahasa-ake Tan Kwie Can nganggo ilmu Kung Fu Tao aliran Kwoo Lon lan Bahurekso nGanggo ilmu beladiri Pencak Silat saka Pekalongan ( Kendang Pencak ).
Malah pungkasane, Tan Kwi Can lan Raden Bahurekso ngiket tali kekancan. Raden Bahurekso banjur crita marang Tan Kwi Can ngenani alesane ninggalake Kerajaan Maratam merga dheweke ora bisa pisah karo pepujane ati, Dewi Rantansari kang ora gelem diboyong menyang Mataram, Dewi Rantansari sakbenere calon garwo ampilane (Selir ) kanjeng Sultan sing dititipake marang Kyai Cempaluk Bapakke Bahurekso ana ing kesesi ben diajari tatakrama ning praja Mataram ... malah saben dinane ketemu bahurekso , jenenge wae ..lanang wadon pada enome ,podo senenge ... ketemu ana ing katresnan .. yoo dadi ra .mula Raden Bahurekso kang ngalah kanggo manggon ing dhaerah kuwi. Tan Kwi Can gawe laporan babagan kadadeyan iku marang Sultan Mataram.
Pungkasane, Raden Bahurekso tetep dianggep dadi Prajurit Mataram kanggo njaga keamanane dhaerah Pekalongan iku. Wektu iku Raden Bahurekso lan Tan Kwi Can bebarengan ngangsuh kawuh marang Ki Ageng Cempaluk.Tan Kwie Can /Tan Kwie Jan didadekake Bupati kang pisanan/pertama marang Sri Sultan .
Konon Tan Kwie Can kuwi omahe mBuri Kantor Kabupaten Pekalongan . Mula daerah kono nganti saiki diarani "Kuwijan" sana asal usule Tan Kwie Jan / Can .
Ana ing sejarah Raden Bahurekso sak jane dadi Panglima Perang Mataram kang nglurug nenyang Batavia , akeh tentara Bahureksa kang cumondhok ana ing sekitar Jatinegara , mula Lor --e Jatinegara Jakarta , ana sebutan Matraman, saka asale panggonane tentara Mataram --> dadi Mataraman .pimpinane Bahurekso..meh wae Bahurekaso kasil ngalahake Tentara kompeni walanda , kalah merga landa antuk bantuan besar2-an saka nagari ne , sabagian tentara Bahurekso mengulon , nggabung nyawiji karo tentara Banten .Kuwi sebabe ana ing banten/Serang saiki , bahasa jawa uga digunaake , merga iku anak turune tamtamane bahurekso.
Kalah-e Raden Bahurekso ora tau bali sowan karo kanjeng Sultan Mataram , ananging tetep nutut kewajibane mbela negara nglawan walanda/Kompeni neng Pekalongan , Mula anane perang nang wewengkon Pekalongan kalawan landa , mbabarake crita heroik Bahurekso , senadyan kadadeane ana ing abad 16 ,ananging gaung caritane kanti seprene ...lan akeh kang paring pkurmatan marang Bahurekso ... sang Pahlawan ..
anane istilah Saragenen , merga pasukane Bahurekso gawe Bumi hangus ana kono , Sara tegese panggonan genen , tegese Geni , ana perang nganggo panah geni antarane landa lan bahurekso ,
ananae istilah Ponolawen, Akeh Landa kang kalah klawan pasukan kavaleri Bahurekso nganti suduk2-an usus-e pada mbobrol kaya lawe ( pono =- medan , lawen = kaya Lawe , ususe mbobrol kaya lawe )
Ananae istilah Kali Banger , merga akeh walanda kang kalah mati dibuang neng kali setono , nganti kali mau mambune Banger( mambu mayit) dadi diarani Kali Banger.
Uga anane panggonan kang kanggo ngumpulake mayit2 kang dadi "batang" .. mula dadi daerah Batang .akeh batang menungsa landa kang mati ana kono.
Anane Buaran, saka teges Buyaran , Wira desa , Medono lan sapnunggalane ... kono mau kasebab carita Heroik Raden Bahureksa dan ngedap-edapi ... Bahurekaso uga ngedegake kutha kang anyar ana Cepiring , kang dijenengi Kendal , mula pendirine kutha Kendal kuwi yo Raden Bahurekaso gawe landa kocar kacir ...

Raden Bahurekso pancen Pahlawan kang ora kecathet , amerga Sri Sultan lara ing Penggalih ( sakit hati ) merga calon selire direbut Bahurekso ..kalah olehe saingan rebutan"cinta" segitiga . Lha Sultan kok dilawan , sing duwe negara , Bahureksa pancen nekad , ora den usik karo Sultan merga dewekne anake Kyai Cempaluk ,ulama besar wektu kuwi kang dadi Pinisepuh Para Mataram , mula kaya menungsa kang disingkirake , senajan akeh leladhine marang negara Mataram ... Kanjeng Sultan Sujana , istilah saiki mono " Cemburu Buta " .. Makam Bahurekso uga ora nana sing mangerteni nganti seprene , neng endi sedane .. Konon Bahurekso katresnane "happy ending" , klakon duwe garwa Rantansari kang ayu rupane calon garwa Ampil Sri Sultan , nganti duwe putra kang jeneng Raden Sulanjono ...
Panjenengan kabeh tahu krungu istilah sintren ... kuwi sakjane critane Raden Sulanjana kang memadu kasih karo Sulasih ..
Nurun Bapakne , Cinta mereka nabrak watu karang tak disetujui orang tua , merga nadyan ayu Sulasih mung wong nDeso..anake wong mlarat , Bahureksa lali karo lanjarane , mula anane kesenian sintren dicritakke bab "kisah kasih" Sulasih lan Sulanjono ..
Mula lagune sintren mengkene ;
“Sulasih sulanjana… menyan putih ngundang dewa… ana dewa ganti sukma… widadari temuruna…” (Sulasih dan sulanjana, semerbak kemenyan putih pemanggil para dewa, ada sang dewa yang berganti sukma turunlah sang bidadari…)

Crita Pekalongan memang fenomenal .. penuh sejarah .. kisah pahlawan .. percintaan .. dan intrik kekuasaan jaman dahulu abad 16 ...Nama bahurekso bahkan tertera dalam Buku nya Rafless Gubernur Inggris di Hindia Belanda , "Hystory of Java" yang terkenal itu , Dan penulis2 Portugis... yang saat itu ada di jawa menulis Bahurekso .Hanya sayang tak dikenali orang Pekalongan sendiri.

dan Den Ayu Lanjar kondhang ing tlatah Jawa sisih lor (pantura). Tumprape masyarakat dhaerah pantura uga asring keprungu crita yen Den Ayu utawa ...Dewi Lanjar.ora ucul saka Bahurekso , sawijining pawongan kang dadi Pahlawan tak dikenal .. bahkan mungkin oleh masyarakat Pekalongan ..sekarang .. mereka hanya mengenal batik . Tapi tidak mengenal asal muasal Kuwijan ,Soro Genen,Pono Lawen,Grogolan , Sapura , Kali Banger ,mBatang , kramat , klidang ,Panjang, Buaran , .Bahkan sego megono .. tauto ,kenapa menggunakan daging kerbau bukan sapi ... masjid Kauman,masjid Sapura yang se masa dengan masjid Demak Bintara ,Makam dowo Medono ... lan sapanunggalane. Kota kita memang termasuk 3 kota tertua di jawa .. Pekalongan ...
Yang dulu awalnya bernama Pengangsalan , diganti Pekalongan karena peran besar sang bahurekso...Sang Tamtama Pasukan kerajaan Mataram , dibawah Sri Sultan Agung dalam mengusir penjajah Belanda ..

Iki kabeh .. sing crita mBah-ku alm . ndisik .. asli soko Noyontakan Pekalongan .
ketika menjelang tidur bercerita spt itu , saya sambung2 dengan mencari data2 yang ada dari sana dan sini..jadilah seperti diatas ... moga2 bermanfaat.
wallahu a'lam.

Mas Hendro
Cah Anyar
Cah Anyar

Jumlah posting : 2
Points : 4
Reputation : 0
Join date : 14.02.12

Kembali Ke Atas Go down

Kembali Ke Atas

- Similar topics

 
Permissions in this forum:
Anda tidak dapat menjawab topik